Selamat Datang di website resmi SMPN 7 YOGYAKARTA
Lelembut Kali Kontheng
Lelembut Kali Kontheng
18 Okt 2019

Dina Sebtu kuwi pancen wis daktunggu-tunggu. Sakdurunge, aku wis kangsenan karo Kamto, kanca kenthelku, arep mancing ing kali Kontheng Sing ana ing kidul desaku, yaiku desa Sekararum. Ing kali Kontheng iku pancen iwake akeh uga gedhe-gedhe. Ananging miturut wong-wong, uga tangga teparo, kali Kontheng iku wis kondhang angkere. Nanging, aku ora wedi, amarga panggonane cedhak omahku uga meh saben dina aku liwat kali kuwi. Semono uga Kamto, sajak wis jinise, Kamto ora percaya karo bangsane lelembut wewujudan apa wae.

Watara jam enem sore, aku wis diampiri Kamto. Ora lali, aku nggawa walesan klangenanku, pancing, umpan, uga ubarampe liyane. Anggonku menyang kali, kanthi mlaku, jarake ora adoh saka omahku, watara 10 menitan. Nalika tekan kali, kepeneran, wektu iku banyune ora asat, malahan rada dhuwur. Aku lan Kamto banjur golek papan kanggo lungguh, lan banjur pasang pancing sakumpane.

Aku mancing watara jam setengah pitu. Sinambi mancing nunggu umpanku dimangsa dening iwak, aku omong-omongan, ngalor ngidul karo Kamto. Ora krasa, olehku mancing wis entuk iwak kira-kira ya setengah kiloan. Biasane aku yen mancing arang-arang entuk iwak akehe sakmana.

Saya mbengi, hawane kok ya saya adhem. Aku ndelok jam kang ana ing tangan, jebul ora krasa wis jam setengah rolas bengi. Ora let suwe Kamto rumangsa pancinge disamber iwak, lan entuk iwak, saknalika dheweke mbengok sero banget, sajak seneng banget dheweke.

 “Weeee... entuk iwak gedhe tenan iku, jan joosss tenan pokoke,” ngono kuwi celathune  Kamto kanthi gumbira. 

Nalika dakdelok, jebul Kamto entuk iwal lele. Lelene pancen gedhe banget, gedhene ya meh padha karo kempolku. Kamto kuwi pancen pinter mancing, wis ora gumun aku, yen dheweke bisa entuk iwak sakmono gedhene. Saknalika iwake dicekel, pancinge ditarik kareben ucul pancinge. Pancinge ditarik, nanging ora bisa ucul. Kamto nyoba narik pancinge meneh, nanging tetep wae ora bisa ucul. Wis dicobo nganti bola-bali, ditarik-tarik, diudel-udel, nanging yo ora ana asile. 

“Piye To ? Ket mau kok ra ucul-ucul pancinge?” pitakonku marang Kamto. 

“Wah angel tenan iki, lha piye pancinge mlebu tekan wetenge, ra bakal isa ucul yen ngene ki,” wangsulane Kamto sinambi ngudhel-udhel pancinge. 

Sajak wis entek sabare, Kamto nyengka narik pancinge. Jebul temenan, pancinge kasil copot, nanging lelene gobres getih, nganti sak isi-isine metu, separo ndhase yo rusak. Ora let suwe lelene mati. 

“Malah kokpateni lelene, To ?” pitakonku sinambi ndeleng iwal lelene. 

“Lha nek ora mati …, pancinge ora bakal ucul, piye maneh?” wangsulane Kamto, sajak seneng banget dheweke, amarga pancinge bisa ucul.

Durung rampung anggonku nggatekake lele kang gobres getih, dumadakan ana angin kang gedhe banget. Kaya-kaya ana kang narik aku karo Kamto. Nanging aku ora bisa weruh, apa jan-jane wewujudan kang narik aku lan Kamto.

Mak klap … samar keprungu swara umreg, gemrunggung rame banget. Abot banget rasane mataku iku arep daklekake. Ora let suwe mataku bisa melek, nanging ya mung kriyip-kriyip, tak rungok-rungokake, swara-swara mau saya cetha. 

“Pokoke aku kudu bisa melek! Embuh apa kuwi kahanane!” batinku ing njeroning ati. Wekasane mataku bisa melek, ananging pandelenganku blabur. Ing pandelenganku sing blabur, aku isa ndelok Kamto kang uga gumlethak nglekar ana ing sandhingku.

Aku banjur nyoba ngadek, ananging jan angel temenan, lemes rasane awakku. Nalika aku ndelok sak kiwa tengenku, aku kaget tenan, akeh wong kang ngupengi aku lan Kamto. Ana kang nggawa tumbak, pedhang, tameng, keris, uga ana kang nggawa umbul-umbul. Aku jan gumun temenan, lagi sepisan iki aku weruh utawa nemoni kahanan kaya ngene. Ora mung tekan kono, sing nambahi gumunku, aku lan Kamto disuraki wong-wong kuwi. 

“Pateni! Pateni! Pateni! Pateni!” swarane wong-wong kuwi sora. 

Saknalika, aku nggeret tangane Kamto, “To, Kamto iki awak dhewe gek nang endi?” 

Kamto ora mangsuli, ketoke ora krungu apa ora sadhar. 

 “He... To, Kamto ... tangia To, ngapa awake dhewe iki To?” sepisan maneh aku nyeluk Kamto.  

Nanging tetep wae Kamto ora nyauri. Rasaku jan campur adhuk, ya bingung, ya wedi, ya mrinding. Banjur ana wewujudan kang gagah, gedhe, dhuwur, sandhangane sarwa gumebyar kaya punggawa raja njedhul neng ngarepku. Mak tratap…, aku kaget tenan, nalika nyawang wewujudan gagah iku, wewujudan kang nduweni ndhas awujud ndhas lele. 

“Sak umur-umur aku ya durung tau weruh, manungsa kang nduweni ndhas kang awujud ndhas lele. Lha yen ngono, njuk wewujudan apa, kang nduweni ndhas kaya ngono?” swara batinku.

Aku karo Kamto digawa dening wewujudan kang nduweni ndhas lele mau menyang panggonan kaya ing sajroning kraton. Panggonane apik banget, uga ngganda wangi. Aku lan Kamto didhepke ing sak ngareping dhampar raja. Ing sak ndhuwuring dhampar kuwi ana wewujudan kang gagah, sandhangane kaya raja, uga nduwe makutha kang gedhe. Nanging, wewujudan kaya raja kuwi, ana kang gawe bingung pikirku. Wewujudan kaya raja kuwi uga nduweni ndhas awujud ndhas lele. 

“Wewujudan kaya raja iki, mesthi rajane wong-wong kang padha nyuraki aku karo Kamto, uga rajane wewujudan kang gagah kuwi. Nanging, kok ya nduweni ndhas lele? Apa sambung rapete karo lele?” gunemku sajroning ati.

Durung rampung anggonku mikir, saknalika aku karo Kamto dipecuti karo wewujudan kang gagah kaya punggawa. Merga Kamto dipecuti, dheweke tangi kanthi glagepen. Banjur karo mengkis-mengkis ngampet lara dheweke ngundang aku. 

“E .. awake dhewe ki ngapa kok …,” durung rampung anggone micara, Kamto dipecuti maneh, semono uga aku. Dumadakan, wewujudan kang kaya raja iku mbengok, sajak nesu banget. 

“Hee!!, kowe ngapa wani nggawe geger ing kratonku?” 

Aku bingung, apa maksude kumucap kaya ngono, aku rumangsa ora salah apa-apa. Aku karo Kamto yo mung meneng blangkemen.

“Kowe lan kancamu wis kuwanen, gawe geger ing kratonku, kowe lan kancamu kudu nanggung kabeh iki,” mocap ngono pawongan kang andhaslele iku karo mecuti aku lan Kamto. 

Karo ngampet lara aku takon Kamto,”He... To, awake dhewe iki rak ya ra salah apa-apa ta?”

“Ho..oh, aku yo ora ngerti ngapa kok dadi kaya ngene”. Saknalika, raja mau mbengok, “He! cepet jawab, rasah kakehan omong!” wangsulane Kamto.

Aku lan Kamto dipecuti maneh sakayange. Senajan angel ngomong, amarga lara, aku kudu ngucap. 

“Ngapunten paduka, mboten ateges kula nglancangi, ananging kula mboten wonten kekajengan napa-napa,” wangsulanku. 

“Mokal, kowe lan kancamu iku wis gawe geger, gawe kisruh ing kratonku.”

Aku bingung. Aku iki wis gawe kisruh apa? Semono uga Kamto, dheweke tansaya ora ngerti siji-sijia. 

“Ngapunten paduka raja, mbok bilih kula kaliyan rencang kula, sampun damel rusuh ing kraton niki, kula kaliyan rencang kula nyuwun sanget agenging pangapunten”, wangsulane Kamto, senajan dheweke ya ora ngerti  apa-apa.

Raja kuwi malah saya nesu. 

Ngendikane, “Wahhhh... ora isa, enak wae ming njaluk ngapura! Kowe karo kancamu kuwi uwis gawe geger ing kene, saiki kowe lan kancamu kudu dadi abdiku saklawase. Kowe bakal tak siksa nganti mati!”

 Aku tambah wedi, ora ngerti apa kang kudu daktindake. Saknalika aku lan Kamto dipala sak kayange, dipecuti, ditempiling. Sajrone dipecuti, aku ngampet lara, raja kuwi nakoni aku. 

“Daktakon sepisan maneh…, kowe gelem dadi abdiku, apa kuwe dakpateni nang kene?” 

Sajak uwis kaweden tenan, lan kelaran, Kamto nyaguhi.

“Yoh, aku saguh dadi abdimu,” wangsulane Kamto. 

Aku jan kaget tenan. Saknalika Kamto malih wujude, Kamto malih dadi manungsa kang nduweni ndhas kang awujud ndhas lele. Aku malah dadi saya wedi, saya mrinding. Aku tetep dipecuti, ditempiling, diajar sak kemenge. Nanging aku ora gelem dadi abdine raja kuwi, senajan aku diajar nganti mati, aku tetep ora gelem. Aku wis kelaran tenan, aku jan ora kuat, saknalika aku eling Asmane Gusti, banjur aku nyebut Asmane Gusti.

“ Gusti … Gusti … Gusti Kang Maha Welas, kula nyuwun pitulungan,” lirih aku ndonga.

Klapp…saknalika aku melek, dumadakan wis ana ing pinggir kali Kontheng, kali anggonku mancing. Ing kana wis ana bojo lan anakku, pak RT, uga pak Kiai Nur Jumadi kang biasane manehi pengaosan utawa pengajian ing langgar desaku. Aku isih bingung, linglung, ngapa kok bisa kedadean koyo ngono.  

“Mas, panjenengan niku ilang sakwengi mboten kondur datheng griya, lajeng kula nyuwun tulung Pak Kiai Nur Jumadi supados nggoleki panjenengan,” ngendikane Pak RT.

“Bener Mas, panjengenan niku digawa karo lelembut Kali Kontheng. Dene kancamu, Kamto, dheweke dadi ijol anake siluman lele sing dipancing Kamto, lelene mati gobres getih. “

Oalah ... saiki akau dadi ngerti apa sejatine wewujudan kang kaya raja kuwi jebule  siluman lele sing tunggu kali Kontheng. Dene lele kang dipateni Kamto kuwi anake raja siluman lele.

Aku ngaturake matur nuwun marang pak Kiai. Aku uga ngaturaken puji lan syukur marang Gusti Allah Ingkang Maha Agung, kang wis maringi keslametan bisa uwal saka kahanan iki. Aku sing meh mati dipilara siluman lele, bisa mulih slamet amarga sih rahmate Gusti Allah. Aku uga ndongakake Kamto supaya entuk berkah sih rahmate Gusti Kang Maha Welas supaya bisa bali maneh dadi wujud manungsa lumrah, bali neng alam bebrayan wusana Kamto bisa mratobat lan bekti ana ngarsane Gusti Kang Maha Agung.  

Saka kedadean iki, aku entuk piwulang yen manungsa kuwi ora mung cukup nduweni agama, nanging uga kudu bekti temenan ana ngarsane Gusti Kang Maha Agung. Ora mung cukup kuwi wae nanging uga kudu ngurmati samubarang  sing ana ndonya iki kang dadi ciptaning Gusti. 

Kadadean kang nganeh-anehi iki ora bakal daklalekake, kedadeyan digawa menyang Kraton lelembut Kali Kontheng. 

 Oleh : Mahendra Pratama Putra

Terkait
Senja
10 Mar 2020
Apakah kalian pernah merasakan? Saat kau ingin berteriak namun, tak ada seorang pun yang mau mendengarnya. Jika kau pernah, itulah yang aku rasakan saat ini. Hari yang melelahkan. Hari dengan…
Wavensy
13 Feb 2020
Kelas masih sepi hanya hujan yang menemaniku. Sembari menunggu teman lain dating, aku rebahkan kepalaku di atas meja dengan earphone di telingaku.  Ryan~…  Aku menoleh. Tidak ada siapa-siapa. Aku kembali…
Pengagum Rahasia
2 Sep 2019
Entah mengapa semua terasa berbeda semenjak aku mengenalnya. Tatapannya membuat aku penasaran. Dia yang telah merubah hidupku. Yang awalnya aku hanya seorang gadis pendiam, kini aku menjadi seorang gadis yang…
Bunga Tulip Untukmu
13 Feb 2020
Hai, ini kisahku. Seorang gadis pengidap tumor jantung primer, aku tidak sekuat yang kalian bayangkan. Dan hari ini, aku akan menceritakan gelap dan terang hidupku. "HYUNJINN.... BALIKIN HAPE GUE!!" "Kejar…
Rahasia Sari
21 Des 2022
Pada suatu hari, Papa dan Mama Surya sedang duduk di teras depan rumah. Papa Surya memanggil Rama dan Intan untuk ikut bergabung di teras rumah. Mereka pun datang, mendekat pada…
Kau Melukisku
29 Agu 2019
Ibu.. Di sini kutulis kisah tentangmu Yang tak kenal lelah, yang tak kenal keluh Kau kilau cahaya Bagai lilin nyala dalam relung gelapku Tak terbanding Pengorbananmu tuk menghadirkanku ke bumi ini.. Membuatku…
Tolong Menolong
26 Okt 2022
Pada suatu hari, hiduplah Kerbau di sebuah hutan. Saat pagi hari, Kerbau ke luar untuk mencari makan. Di jalan Kerbau bertemu dengan Monyet. “Hai, Monyet! Kamu mau ke mana?” tanya…
Gurat Biru dalam Ragam Hias (2)
8 Mei 2022
Karya ragam hias yang diciptakan diatas media kayu ini dibuat dari motif fauna gubahan kupu-kupu yang dikombinasikan dengan motif geometris gubahan sulur-sulur yang mengitari tepian bidang piring kayu. Dominan dengan warna-warna…
Gurat Biru dalam Ragam Hias (1)
8 Mei 2022
Karya ragam hias kali ini nampak kuat dengan menonjolkan garis-garis tebal dan penggunaan warna yang tegas nan kontras.  Yaitu karya dari Raditya Dwindra Pramudya (VII A). Ragam hias dengan motif…
KENDALIKAN PERASAANMU
4 Apr 2023
Lagi-lagi Agnes menghela napas. Dia duduk di meja belajarnya dan melihat meja di sebelahnya yang berisi penuh penghargaan bertuliskan “Bella” sedangkan ia lagi-lagi hanya mendapatkan pin hijau bertuliskan “kamu telah…
Media Sosial
Karya Siswa
SMPN 7 Yogyakarta
Jalan Wiratama 38, Daerah Istimewa Yogyakarta. 55752
Telepon: (0274) 561374
Faksimili: (0274) 561374
Email: smp7yk@gmail.com