Nalika semana Manda nembe wae mlebu SMP. Mbiyen Manda sekolahe neng sawijining SD Negeri Gondokusuman. Nanging saiki deweke munggah SMP lan ngelanjutke ing SMPN 7 Yogyakarta. Ning SMP Manda duwe kenalan kanca saka Sd Negeri Gondokusuman. Ing SMP Manda duwe kanca anyar yaiku Tiara, Dewi, lan, Bowo. Si Tiara, Dewi, lan, Bowo sing paling cerak yaiku Tira lan Bowo. Tiara kuwi sifate apikan lan lemah lembut. SI Bowo kuwi bocahe sregep lan bijaksana. Manda seneng iso kenal karo Tiara lan Bowo uwes apikan pinter meneh. Bowo uga dadi ketua OSIS SMPN 7 Yogyakarta. Manda ora nyongko iso kekancan karo Bowo.
“Eh ra opo kowe duwe nomere Bowo?” pitakon Manda nalika ketemu Tiara pas lagi istirahat ing sekolah.
“ Nduwe kowe arep njaluk po?” jawabane Tiara.
“ Iyo, oleh ra?” pitakon Manda meneh.
“ Iyo orapopo lah, sek dilit tak ndelok ning HP ku. Iki nomere 0812236899.” jawabane Tiara.
“ Matur nuwun yo, ra.” Jawabane Manda dinggo Tiara
“ Iyo sami-sami da.” Jawabane Tiara dinggo Manda.
Ning liya dina Manda banjur SMS. Senajan kuwi Manda malah bingungi arep SMS opo. Banjur Manda mung SMS kosongan utawa ra ceta.
“………………………………” Manda ngirim SMS ning Bowo.
“ Sapa?” jawabane Bowo mblesi SMS e Manda.
“ Aku kancamu” balesse Manda ning Bowo.
“ Kanca ngendi?” jawabane Bowo nggo Manda
“ Kanca sak kelasmu, Manda.” Jawabane Manda nggo Bowo
“ Oalah, ono opo da?”
“ Orapopo mung pengen SMS wae. Eh ngapura yo nek aku nganggu.” Manda banjur meneng lan ngguya-ngguyu dewe.”
“ Orapopo kok aku malah seneng.” Jawabane Bowo nggo Manda.
Manda SMS an nganti suwi banget. Akhire Manda lan Bowo dadi tambah cedhak, sek pertama kekancan cedhak biasa ora kerep omongan saiki tambah cedhak criwis banget nek lagi omong-omongan. Opo meneh nek lagi ngomong tentang pelajaran mesti saut-sautan.Nganti konco-konco takon, iki cah loro do ngapa si kok ngguya-ngguyu cengingisan nganti santer banget suarane.
“Eeh da, koe karo Bowo ono opo si? Pitakon Tiara marang cah loro kui.
“ Hahahaha… Ora ana opo-opo.” Jawabane Manda nggo Tiara.
“ Lah kok cedhak banget, koe cuit cuitt to!” wangsuli omongane Manda, si Tiara karo getak.
“ Maksudte piye to, aku ora dong!” Manda jawab karo nyambi geguyon “
“ Halahh kowe mesti wes jadian to!” Tiara jawab karo mbesengut.
“ Ora lah aku mung konco cedhak.” Balesane Manda nggo Tiara.
Banjur si Tiara mutung ninggal, Manda lan Bowo sek lagi omong-omongan. Manda marani Tiara karo ngomongi, yen Manda kuwi ora jadian karo Bowo mung cedhak tok. Manda wedi nek mbubarke persahabatane mereka cah telu. Mergo Tiara kuwi meneng-meneng seneng ro Bowo nanging malah, Manda le cedhak ro Bowo. NJuk akhire Manda, Bowo, lan Tiara nggawe sepakatan nek awakdewe cah telu kudu tetep sahabatan tekan sesuk gede.
Oleh: Ama Agista/8F